News Update :

Olah Raga lan Buah

Penulis : GOJEK #GolekRejeki on Tuesday 11 April 2017 | 22:13

Tuesday 11 April 2017

 Olah Raga lan Buah


Humor boso Jowo
Sawijining dina...
Paijo ngobrol karo bojone neng teras omah..
Bojo: "Mas, aku kepengin latihan renang, oleh tah ?!!"
Paijo : "Arep nggo opo?! Wis tuwek ndadak pethakilan kepengin renang barang.."
Bojo : "Yo ben langsing to Mas, koyok jaman isih perawan ndhisik.. !!!"
Paijo : "Haalaah, iwak paus kae sing saben dina renang ya tetep gendut.. !!"
Bojo : "Huhhhhh..!!"

Seminggu sak uwise udur2an...
Paijo : "Jeng, saiki aku arep mangan buah2an sing uaakeh.. Sesuk tukokna neng pasar yo...!!"
Bojo : "Tumben doyan buah2an, arep nggo apa to mas..?"
Paijo : "Yo ben sehat to jeng, seger lan ganteng koyo jaman nom-noman dhisik. Kan kowe yo melu bangga.. !"
Bojo : "Alaaah Mas, munyuk kae saben dina  mangan buah-buahan, rupane yo tetep elek..
comments | | Read More...
 
Company Info | Contact Us | Privacy policy | Term of use | Widget | Advertise with Us | Site map
Copyright © 2011. Lelucuan . All Rights Reserved.
Design Template by panjz-online | Support by creating website | Powered by Blogger