News Update :

PAIJO IMAM TRAWEH

Penulis : GOJEK #GolekRejeki on Tuesday 30 May 2017 | 04:56

Tuesday 30 May 2017

Dikongkon dadi Imam Traweh dino pertama. Suarane Apik, Makmume yo Khusyu'.
Nalika Rampung 8 Rokaat lan Witir 3 Rokaat..la kok Munggah nang Mimbar, Dikirone Jamaah Arep Aweh Ceramah, Jebulane Ngomong:

"Hadirin Jamaah Isya' lan Traweh ingkang Mulyo, Mangke Bakda Niki Jenengan Sedaya Sholat Malih Nggih.???

Makmum podo kaget..
Banjur si Paijo Nglanjutne Pidatone "Amargi Kulo Nembe Kelingan Yen Kulo wau Lali Durung Wudhu... Eling kulo Nggih pas Rampung Sholat Witir niki wau..

Makmum pada Geger nang Mburi karo Misuh-misuh.
Ana sing omong "Tekkek... Ngono ra Ngomong Kaet  Mau....Lha Ngeneki Dengkulku wis Keju Arep Mlicet malah kon Mbaleni Maneh".

Sebelahku yo Ngguyu Ngekel...Kareppe Meh di balang Sandal...tapi deweke yo lagi kelingan yen mau  deweke Mangkat nang Masjid ora Nggawa Sandal...
comments | | Read More...
 
Company Info | Contact Us | Privacy policy | Term of use | Widget | Advertise with Us | Site map
Copyright © 2011. Lelucuan . All Rights Reserved.
Design Template by panjz-online | Support by creating website | Powered by Blogger